Sabtu, 23 September 2023

Laksmie Rahmanie

Geguritan Tamba Kangen

LINTANG ING TAWANG

lintang-lintang abyor ing tawang
cumlorot sliweran nalika alihan
kumleyang mencok ing socamu asihku
cahyane gumebyar sunare gilar-gilar
ing telenge atimu sliramu tansah dakantu

lintang-lintang alihan
cumlorot telu ana pundhakku
kawitan lintang abang lintang perang
kapindho lintang mirunggan lintang kamanungsan
pungkasan lintang kumukus lintang kadurakan...

delesidorejo, November 1985

Album poto Snapedit laksmie ...





















☁️☁️🌺🌺🎞🎞